Ramayana
Prabu Dasaratha saka negri Ayodya
nduweni putra sing cacahe papat, yaiku Rama, Bharata, Laksmana, lan Satrughna.
Ing sawijine dina ana resi jejeneng Wismamitra njaluk pitulungan marang Sri
Paduka Dasaratha supaya mbiyantu nglawan para raksesa sing padha nyerang
pertapane. Rama lan Laksmana budhal menyang pertapane Wismamitra. Rama lan
Laksmana bisa ngalahake para raksesa mau. Sabanjure Rama lan Laksmana menyang
Negara Manthili sing lagi ana sayembara. Sapa sing bisa menthangake paanah
bakal entuk putri raja yaiku Shinta. Lan sing bisa menthangake panah mau mung
Rama, pramila Shinta banjur dadi garwane lan diajak menyang Ayodya.
Ing Ayodya lagi padha nyepakake
pahargyan kanggo Rama sing arep dadi raja ing Ayodya. Nanging, Kekayi nagih
janjine marang Prabu Dasaratha menawa putrane, Bharata sing dadi raja ing
Ayodya. Rama luwih milih ngalah, banjur lunga saka Ayodya karo Shinta lan
adhine Laksmana tumuju alas Dandaka.
Ing alas Dandaka ana raksesi sing
jenenge Surpakenakha. Dheweke kesengsem marang Laksmana. Banjur Surpanakha
malih dadi wanodya. Nanging, Surpanekha ora kasil anggone ngrayu Laksmana,
malah Laksmana banjur ngethok irunge Surpakenakha. Surpakenakha dadi nesu
banget banjur wadul marang kakange, Rahwana lan ngakon Rahwana supaya nyulik Shinta.
Rahwana ngutus Marica supaya dadi
kidang emas. Shinta sing weruh kidang kuwi kepencut banget pengin nduweni. Shinta
ngutus rama nyekel kidang emas mau. Rama lunga ngoyak kidang lan Shinta dijaga
dening Laksmana. Ora suwe Shinta krungu Rama mbengok, banjur ngakon Laksmana
supaya nulungi Rama. Shinta ditinggal dhewe ing kono, banjur Rahwana teka nyamar
dadi wong tua kang njaluk banyu banjur nyulik Shinta.
Jatayu krungu bengokane Shinta lan
nyoba nulungi Shinta sing diculik Rahwana. Nanging, Rahwana bisa ngalahake
Jatayu. Jatayu nekani patine, nanging sadurunge kuwi wis bisa menehi kabar
marang Rama lan Laksmana menawa Shinta diculik Rahwana.
Rama lan Laksmana banjur
nggoleki negara Alengka, yaiku negarane
Rahwana. Ing satengahe dalan, Rama lan Laksmana ketemu karo ketehek-kethek lan
rajane Subali sing lagi nyulik garwane kakange, Sugriwa. Sugriwa njaluk
pitulungan marang Rama supaya nulungi garwane sing diculik Subali. Rama bisa
mateni Subali lan ngrebut garwane Sugriwa. Kanggo males Rama, Sugriwa ngutus
Hanoman lan bala kethek liyane kanggo nggoleki Shinta. Hanoman lan balane bisa
mateni Rahwana lan kasil nggawa Shinta bali menyang Ayodya. Lan sabanjure Rama
dadi raja ing Ayodya lan urip tenterem raharja karo garwane, Shinta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar