Kamis, 21 Juni 2012

sinau nggurit


Donga
Wengi iki
nalika candra andhadhar
lintang-lintange cahya sumunar
tan lali Bayu liwat nyumiliri driya
dakparani parane gumricike toya
mbasuh jiwa lan raga
siyaga nyembah mring Kuwasa
Ing sujudku lan dedonga
dakpasrahake apa kang ana
marang Raja kan nguwasani donya
moga bisa luwih miguna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar