Selasa, 19 Juni 2012


Ketilang


Dina iki kancaku Reni ulang taun kaping pitulas, yen padha ngarani jenenge taun sweet seventeen, taun sing paling istimewa, akeh kedadeyan sing gawe kesengsem ing ati, ana uga sing ngarani yen wis umur pitulas taun diarani wis dewasa, ora dianggep bocah cilik maneh. Mula kuwi, aku lan kanca-kancaku sing awit isih SMP kekancanan karo Reni yaiku aku, Dewi, lan Mita duwe rencana kanggo ulang taune Reni. Aku, Dewi, lan Mita bisa mlebu ing SMA sing padha senajan jurusane beda, nanging Reni luwih milih mlebu ing SMA liya, jare jalarane wong tuwane ora saguh mbayar biaya mlebune.
Dhewe  duwe rencana arep gawe acara kanggo ngrayakake ulang taune Reni, nanging acara kuwi aja nganti dingerteni  Reni dhisik, yen wis ngerti mengko jenenge ora surprise maneh. Aku lan kanca-kancaku arep teka ing omahe Reni karo gawa roti tar lan kado. Dhewe wis tuku kadone awit seminggu kepungkur, kadone mung cangkir beling. Senajan regane ora sepiro nanging sing penting bisa gawe tandha katresnan marang kanca. Yen roti tare arep tuku awan iki budhal saka sekolah sadurunge mangkat ing omahe Reni.
Amarga mung aku sing duwe sapedha motor, mula Dewi karo Mita arep tak langsir saka siji menyang  omahe Reni. Sing sepisan dakterake yaiku Dewi,  sisan tuku roti dhisik ing pasar. Sawise entuk rotine banjur mangkat ing omahe Reni, kamangka Mita ngenteni ing prapatan bangjo.
Dewi wis ing omahe Reni, tanpa mlebu omahe aku banjur methuk Mita. Anggonku ngegas sepedha motor  dakpolke, kuwatir yen Mita kesuwen anggone ngenteni. Nanging ora dinyana ana alangan ing dalan.
Saking bantere anggonku numpak sepedha motor, aku ora nggatekake sakiwa tengene dalan,ing pikiranku mung cepet tekan prapatan bangjo supaya Mita ora kesuwen anggone ngenteni.  Nalika ing belokan cedhak pom bensin, atiku krasa maktratap. Dumadakan ing ngarepku ana polisi ngadek ing tengahe dalan pas ing garis marka sing wernane putih kae.
“Minggir dhisik mbak !” celathu polisi karo tangane ngawe-ngawe menehi tandha yen aku diakon mandeg lan minggir. “Wuah, operasi gabungan iki, bakal ketilang aku, aku durung duwe SIM.” Batinku karo deg-degan keweden yen tenan ketilang,  kamangka rong wulan kepungkur aku wis ketilang jalaran durung duwe SIM nganti ngentekake duit 150ewu kanggo nebus STNK motor, lha yen saiki ketilang maneh rak yo kojor  tenan aku, durung yen mengko entuk wejangan saka bapaku yen ngerti ketilang maneh.
Tanpa pikir dawa kanggo ngindari polisi mau, aku belok ing salon sing mapan ing ngarep pom bensin. Motorku dakpakirake ing ngarep salon mau, banjur aku mlebu ing salon. Niatku yo arep ethok-ethok mlebu salon arep potong rambut apa arep facial lan apa lah sing biasane dilakokake ing salon supaya ora diparani polisi banjur ditakoni surat-surat kelengkapan motorku.
“Ngapa dhek ? Ketilang ?”, ujar salah sijine pegawai ing salon. “Aku durung ketilang kok mas, nanging aku sengaja mlebu mrene gen ora ditakoni, aku durung duwe SIM mas.” wangsulanku karo misosolen amarga wedi. “ Yo wis lungguh kene wae dhek, mumpet kene. Memang polisi gaweane mung golek dhuwit nganggo cara-cara ngono kuwi dhek, ora mikirake butuhe wong cilik, apamaneh kowe sing isih sekolah mesthi kan yo mesake.” mas salon mau ngomong mangkono karo masang handhuk ing gegerku, kayadene yen arep potong rambut ngono kae. Menawa mesake karo aku, bocah SMA mesthi durung duwe SIM, motore yo motore bapake, lan sing paling dadi alasan  dimesakake ya mesthi ora duwe dhuwit. Atiku wis rada ayem, ana sing ngewangi supaya aku bisa mumpet saka polisi.
Nanging ora suwe ana polisi mlebu salon, lan bengok sajake ya goleki aku kanggo ditakoni macem-macem babagan surat lan sapiturute. “ Mbak, ini motormu ? Keluar sebentar mbak, saya periksa surat-suratnya.”
Aku mung meneng wae bingung arep ngomong piye. Ibu-ibu sing lagi ing jero salon sajake padha mbela aku, ibu-ibu mau padha ngomong yen aku iki markirke motor ing ngarep salon amarga arep nyalon. Nanging polisi mau ora percaya, “Saya tahu kamu tidak punya surat-surat yang lengkap, makanya kamu mumpet.” ujare polisi mau maneh. Aku yo tetep meneng wae lan nerusake ethok-ethok potong rambut nganti polisi lunga dhewe. “Alhamdulillah.” batinku rada ayem jalaran polisi mau wis lunga.
Nanging ora suwe polisi mau teka maneh karo ngomong , “ Mbak, kalau tidak mau menghadap saya, nanti motornya saya bawa ke kantor polisi. ” Polisine ngenteni wangsulan saka aku lan metu kanggo meruhake surat-surate. Nanging isih kaya mau, aku mung meneng wae tanpa wangsulan. Aku wis bingung banget, arep wadul, wadul karo sapa. Karo bapaku wedi yen diseneni, masku mesthine yo kerja, Dewi utawa Mita apamaneh, mesthi ya ora bisa mbantu. Ditambah apese maneh jebul HPku bateraine enthek, dadi ora bisa ngubungi wong kanggo jaluk tulung. Aku banjur nyilih HP ibu-ibu ing salon lan salah sawijine ibu-ibu mau gelem nyilihi aku. Sing kaping pisan daksms Mita, amarga mesthi wis ngenteni aku suwe banget, banjur Dewi kanggo ngabari yen aku ora bisa cepet tekan omahe Reni amarga ana operasi gabungan  ing ngarep pom bensin.
Sawise sms Mita lan Dewi aku nyoba metu kanggo niliki kahanan ing jobo. Nanging, aku kaget banget nalika motorku sing dakparkir ing ngarep mau ora ana. Aku bingung motorku digawa sapa, banjur aku metu. Eladalah, jebul motorku digawa tenan karo polisi mau menyang ngarep mobil polisi sing gawe nyatheti wong-wong sing padha kena tilang. Kamangka motorku mau dakkunci setang, mesthine rak ya angel banget anggone polisi mau nyeret motorku, mung jarak antarane salon lan mobil polisi kurang luwih 20meter.
Aku banjur marani motorku, yen ora dakparani bakale digawa menyang kantor tenan, tambah kojor mengko. Tekan kana aku ditakoni macem-macem, sing nakoni mau dakwaca jenenge sing tememplek ing dhadha yaiku Sunaryo. Pawakane gagah, dhuwur, brengosen, wajahe katon gereng banget. Nalika dikon meruhake SIM, aku mung plenggang-plenggong sing arep dakweruhke apa, mung nyatane aku durung duwe SIM. Akhire aku kena tilang tenan, jare melanggar sapasal amarga numpaki sepedha motor ora nggawa SIM.
Pikiranku campur baur, wedi, gela, lan liya-liyane. Awaku lemes banget, perkara ketilang wingi kae durung lali saiki wis kena tilang maneh.  Bakal dikeki wejangan sing kaya piye maneh karo bapaku yen wis tekan omah, amarga ora mungkin yen aku ora arep ngomong, mung sing bosa mbantu ya bapaku, sing duwe dhuwit kanggo nebus STNK sing ditahan polisi.
Aku wis kadung judheg. Atiku rasane mongkog banget, sengit, lan gumreget karo polisi-polisi sing padha nilang aku mau. Rencana sing awale arep ngrayakake ulang taune Reni ora sido kedadeyan. Aku luwih milih bali lan ora sido teka ing omahe Reni. Mung Dewi sing wis ing kana. Aku ya ora ngerti Mita piye, tetep ngenteni aku apa mulih amarga saking suwene ngenteni.  Aku wis ora bisa mikir apa-apa, sing dakpikirake mung kepiye aku ngomong babagan kedadeyan iki karo bapaku utawa karo masku. Wedi yen diseneni…





Tidak ada komentar:

Posting Komentar