Minggu, 15 Juli 2012

gurit


Liringe Kenya

Kenya ayu sulistya warni
ing ngarep mesjid dalan ahmad yani
estu gawe panolehe Adi
among nyawat esem ambalang liring
anyawat kincanging alis
tinambah esem kang mung manda-manda
sarwi nggeget-nggeget lathi
lebur luluh tyase kang jaka
kasengsem marang Kenya
ngayang-ayang ngrumpaka ngracik ukara
mamrih kapadhaning karsa
kang ana ing endahing taman asmara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar