Minggu, 15 Juli 2012

gurit


Kapang
                           
Daksawang anane sesawangan
mung memba wewayanganmu
mung eling solah bawamu
mung sengsem manis esemmu
Pranyata,
apadene rasa
saka kalbu tumekaning pandulu
Atiku pancen kadhung
ketaman sawijining panandang
                kapang mring sliramu







Kaya Semut
                         
Semut ireng-ireng
mlaku rindhik-rindhik
ngupadi oangan ngupadi mangsan
mrih sesambunganing dawaning panguripan
Sanadyan upyek tumandang
salam esem kang ngujiwat
tan keri marang liyan
ora preduli kahanan
ora preduli apa rinasa
ora preduli nelangsa
mung sadrema uncal esem luwih utama lan prasaja
Manungsa sajaka rumangsa
bebrayan ing sapada-pada
ngreksa katentreman lan tepa salira
sadaya dadi kang utama


Donga

Wengi iki
nalika candra andhadhar
lintang-lintange cahya sumunar
tan lali bayu liwat nyumiliri driya
dakparani parane gumricike toya
mbasuh jiwa lan raga
siyaga nyembah mring Kuwasa
Ing sujudku lan dedonga
dakpasrahake apa kang ana
marang Raja kan nguwasani donya
moga bisa luwih miguna


Kembang Katresnan

Winih kang sira tandur
ing taman sajerone nala
dak rumat, dak reksa, dak upakara
dak rabuk mawi kapracayan
dak siram kanthi rasa sabar
                Wancine kembang saya ngrembaka
                mekar endah elok sulistya
                arum anggeganda
                iki kangmas,
                kembangku kang wus sumadya
                pethikana sasenengmu
                merga wus dadi duwekmu


1 komentar:

  1. The Best Coin Casino | Best Real Money Online Casinos
    The Best Coin Casino Online · Bovada.lv is one of the largest Bitcoin online gambling sites 코인카지노 쿠폰 · GTBets is a fun and exciting site, where you can bet on a wide range of sports

    BalasHapus