Kamis, 17 Mei 2012

Adanya Awan tak Berarti Akan Ada Hujan


Awan yang bertali dan berkejaran tampak di langit yang semula biru pada siang ini. Awan-awan itu tampak sangat elok terlihat oleh setiap bola mata yang menyempatkan mengarah kepadanya. Selagi memandang, pasti juga merasa dan mangira bahwa awan membawa berjuta titik air yang akan dia jatuhkan dimanapun dan kapanpun sesuai keinginannya. Dan bagi setiap hal yang bernaung di bawahnya harus siap menerima kucuran airnya.

Iya, secara logika setiap awan pasti membawa titik-titik air yang akhirnya akan menjadi hujan sebagai pembasah bumi. Awan yang nampak begitu elok membawa hujan. Namun, jangan berburuk sangka terhadap awan terlebih dahulu. Tidak semua awan-awan itu akan menjatuhkan titik-titik airnya. Mereka tidak semaunya sendiri melakukan itu. Awan bisa menjatuhkan titik-titik airnya di tempat dan waktu kapanpun hanya jika telah dikendalikan oleh sang angin yang senantiasa membawanya kemanapun ia mau. Dan pada akhirnya, ketika awan sudah lelah dengan bebannya, dia akan menjatuhkannya ke bumi. Namun, ketika dia merasa masih mampu membawa sertanya, titik-titik air itu tidak akan ia jatuhkan apalagi bila dia tahu jika airnya akan menambah beban bagi semua yang ada di bawahnya.

Senin, 14 Mei 2012

cerkak


Bapakku Mati Dipangan Iwak Hiu
dening Atik Suryani

Langit wayah sore iki katon endah banget. Kuning semu abang, megane putih pating cleret kaya gambar sing ana ing lukisan sing biasane dipajang kanggo nggawe apike sesawangan ing ruang utawa gedhong-gedhong kae. Apamaneh angin sing  sumilir, penak banget kahanane sinambi nyawang apa sing dadi kanugrahaning Gusti kuwi. Nanging, Wahyuni ora kaya mangkono. Wahyuni lungguh nglangut ing kursi sing ana ing plataran omahe. Lungguh dhewe lan nyawang mrana-mrene, ora cetha apa sing sabenere disawang. Wahyuni katon susah lan prihatin sore kuwi. Kaya lagi mikirake masalah urip sing akeh banget lan durung entuk dalan kanggo ngrampungi siji-sijine.
Wahyuni, bocah wadon sing sajake isih enom lan ayu. Kerja ing salah sawijine pabrik klambi ing kuthane. Bayarane ora sepira nanging cukup kanggo mangan lan liya-liyane. Nanging, trakadang Wahyuni mikir apa uripe bakal terus dadi kaya mangkono, kamangka saya suwe ragat kanggo urip ya saya gedhe, jamane ya saya edan ngene, apa-apa regane larang kamangka bayarane ora tau mundak.
Iya, kejaba nguripi awake dhewe. Wahyuni uga duwe tanggungan nguripi Sukma, anak wadon siji. Senajan yen disawang Wahyuni isih katon ayu nanging jebule wis nduwe anak siji. Wadon sing jenenge Sukma. Pancen wong yen durung padha ngreti, mesthi ngira yen Wahyuni isih legan, durung nduwe bojo apamaneh anak. Wahyuni uga ora tau dingerteni yen wis nduwe bojo. Diparani bocah lanang ora tau, lunga bareng bocah lanang uga ora tau dadi ya mesthine durung nduwe bojo.nanging, kok ujug-ujuga ana anak sing jare anak kandhunge.
Saiki Sukma wis umur 7 tahun. Ora krasa yen Wahyuni saguh nguripi anake kanthi lancar lan saiki dadi bocah wadon sing nyenengake banget. Bocahe manis, kewes, grapyak, sopan lan uga seneng geguyon. Senajan isih cilik nanging mesthi sesog yan gedhe bakal dadi bocah sing nyenengakee banget lan uga akeh bocah lanang sing pada seneng pengen dadi kanca utawa  calon bojone.
Umur 7 taun wis wayahe mlebu sekolah dhasar utawa SD. Kuwi sing dadi pikirane Wahyuni, anake wis gedhe, sedelok maneh wis dadi siswa SD, wis ngerti lan mudheng masalah apa sing sabenere disandhang dening ibune, Wahyuni.  Gelem ora gelem Wahyuni kudu crita karo anake babagan bojone. Saben dina Sukma takon babagan bapake. Bocah cilik endi sing ora takon menawa ora tau ngreti bapake. Bocah-bocah liyane padha digendhong, diajak mlaku-mlaku karo bapake. Sing gawe saya nggegirisi maneh nalika Sukma krungu kancane ngundang bapake, gawe pengen Sukma tumindak mangkono. Nanging, sing arep diundang sapa ora ana. Malah kadhang Sukma nganti nangis.
“Bapak neng endi ta, Bu?”, pitakone Sukma marang ibune.
“Kok takonmu ngono, Nduk?”, wangsulane Wahyuni.
“Lha, kanca-kancaku padha duwe bapak kok, Bu. Yen mangkat sekolah padha diterake bapake. Kok Sukma ora tau weruh bapak? “, bocah cilik mau takon-takon kaya pengen ngreti banget sapa bapake.
Wahyuni sing ditakoni neka-neka dening anake kaya mangkono kaya wong sing ditakoni rabi wae, bingung anggone mangsuli. Tanpa ngomong apa-apa Sukma ditinggal lunga, ngindari weruh anake sing nggawe atine saya kelara-lara.
“Ibu, Ibu, Ibu. Kok Sukma ditinggal ?”, Sukma mbengoki ibune banjur nangis nganti mingsek-mingsek.
Wahyuni mlebu ing kamare. Ngelingi pitakonane anake mau, ora krasa luhe pating ndlewer saka mripate sing sipit. Piye carane crita babagan kahanan sing sabenere marang Sukma. Ora tegel rasane yen kudu ngomong sing bakal gawe atine lara. Bapake kuwi ora pantes yen diarani bapak. Lunga tanpa pamit, ora tau menehi kabar, ora tau ngreti anake kepriye, ora tau menehi dhuwit kanggo nguripi anak bojone apamaneh takon kabar isih waras apa ora. Jan wong lanang ora bisa digawe panutan. Sengit nanging tresna, kaya kuwi sing dirasake Wahyuni.
Wahyuni uga katon getun banget. Kala biyen gelem dadi bojone Doni. Wong lanang sing dikenal saka papan anggone kerja. Sabenere Wahyuni uga ngreti yen Doni kuwi wis nduwe bojo. Dadi umpamane Wahyuni rabi karo Doni, dadi bojo sing kaping pindho. Nanging, sing jenenge wong tresna lan lagi ana ing taman asmara kahanan sakloron sing mangkono ora dadi alangan. Wahyuni gelem dirabi. Senajan wong tuwane Wahyuni ora menehi pangestu marang Wahyuni lan Doni, sakloron wis mantep arep urip bebojoan. Nanging, pangarepe Wahyuni nduwe kaluwarga sing sakinah, mawadah lan warohmah mung ngimpi. Lagi nem sasi ngarasake urip bebojoan, Doni lunga saka omah tanpa pamit. Gawe bingung atine Wahyuni. Kamangka nalika kuwi Wahyuni lagi ngandhut telung sasi.
Dienteni nganti rong sasi bojone ora tau bali. Nganti judheg lan kesel anggone ngarepke baline bojone. Tangga teparone wis padha ngreti. Ana sing ngomong yen Doni lunga saka omah amarga wedi ditagih utang sing cacahe ora sithik. Ana maneh sing ngomong yan Doni nduwe bojo liya amarga awit biyen sing dingerteni Doni kuwi bocah lanang sing seneng nggawe dolanan wong wedok. Nanging, uripe wahyuni tetep mlaku, kudu dilakoni. Apamaneh yen anake lair, butuhe saya akeh. Wahyuni mulih menyang omahe wong tuwane kanthi nggawa bayi sing lagi umur rong sasi. Kanthi isin Wahyuni njaluk ngapura karo ibune.
“ibu, ibu.”, Sukma ngundang ibune maneh.
“Dalem, Nduk. Mrene”, karo sesrenggukan nangis Wahyuni mangsuli anake.
“Ibu.”
“Iya, Nduk. Nduk, ibu sayang karo Sukma. Ibu bisa dadi bapak kanggo kowe. Aja sedhih ya, ndhuk?”
“Lha, bapak neng endi, bu?” Sukma takon maneh.
“Wis, aja ngarep bapakmu maneh. Bapakmu ilang.”
“Lho, kok ilang. Seda ngaten, Bu?”
“Iya, bapakmu mati neng dalan menawa, Nduk.”
“Bapak mati dipangan iwak hiu kaya neng tipi kae ya, Bu?”
“Hehehe.” Wahyuni mung bisa ngguyu lan mesem krungu wangsulan saka anake sing manis mau.
Bocah loro banjur sikepan lan ngguyu bebarengan. Atine Wahyuni rada lega anake bisa nampa katrangan saka Wahyuni babagan bapake. Saorane kuwi ndhisik sing bisa diomongke, sesog menawa wis gedhe Sukma iya ngreti piye kahanan ibune. Wahyuni yakin yen bisa nguripi anake supaya dadi bocah sing pinter lan ngreti marang wong tuwa. Kanggo saiki Sukma ngretine bapake mati dipangan iwak hiu, kaya film kartun sing Sukma tonton ing tivi, ora ngreti sesog yen bisa ketemu bapake tenan. Sukma arep ngomong piye babagan bapake, kuwi masalah keri.

Sedikit tentang Saya

Menjadi orang yang ingin selalu membuat bangga orang tersayang bahkan orang yang tidak tersayang merupakan semangat saya dalam manjalankan segala aktivitas. Jalani semua dengan penuh keyakinan dan ketenangan akan membuat segalanya berjalan lebih nyaman. Lila legawa dan siap menerima segala konsekuensi yang ada akan membuat diri saya menjadi insan yang lebih bisa menghargai hidup.